Geguritanku


Udana

Pating klerap
Glegar-gleger nyamber
Kumricik
Nelesi bantala

Jawah
Ja’a iku teka apa berkah
Mengkono unine
Tan nyana tanpa sangka tiba,
Nibani makhluking alam dunya
Nyukuri iku tumrape manungsa
Nanging apa?
Sambat sing ana

Manungsa iku mbingungna
Wayah katiga sing ana mung tembung
“udana”


Penganten

Lakumu lembah manah
Tumuju sasana kursi renengga
Sinandhing pacangan kang gagah prakosa
Kaya raden werkudara
Esemu, pait madu
Pratandha bungah atimu
Kebaya cemeng sinulam benang emas
Gumebyar kaya prada binabar
Pating calorot
Pating galebyar
Kaya lintang aliyan
Ganjil cundhuk mentul cacahe
Ngawe-awe marang sinu katresnane
Bebarengan obahe
Nyuwun kaberkahan ancase


Radio

Sawijinig piranti komunikasi
Diputer awan bengi
Sarana ngluru informasi
Dhomestik utawa manca negari
Nanging saiki...
Seje kahanane
Wis arang kang padha  migunakake
Kalah pamore
Kalingsir dening piranti liyane
Ana swarane lan gambare
Modern jamane
Hape cekelane, komplit isine
Internet lan efbe layanane
Ndremimil nyomak-nyamik cangkeme
Wel-welan tangane mripil nulis smse
Merga...
Wis obah jamane


Wong Jawa

Sing mbok duweni rasa
Rasa wirang marang wong liya
Rasa pakewed uga
Nanging aja lali ya wong jawa...
Loro kaidah dhasare wong jawa
Rukun
Hormat
Kudu disadhari lan diugemi
Dilakoni ing panguripan iki
Crah agawe bubrah
Aja nambang laku, ethok-ethok ora ngerti
Apa sing kudu dilakoni
Aja nglantur ngaku-aku
Sasmita kang dudu duwekmu
Kudu amit nuwunsewu
Maguru
Ngluru
Rasa kang satuhu
Supaya bisa ditiru dening anak putu
Apa lakumu kang mituhu


Goroh

Goroh iku...
Padha ngapusi iku
Gak roh iku ora...
Padha ngapusi ora

Gak roh iku ora goroh
Goroh gak roh iku goroh
Ngapusi iku goroh
Ngapusi gak roh iku goroh

Goroh iku ngapusi ora
Goroh iku gak roh

Goroh iku ngapusi
Ngapusi gak roh iku ngapusi
Goroh
Ngapusi
Gak roh
...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar