Geguritan


WOLAK WALIKING JAMAN

Bareng tekan kala mangsane
Jebul
Ora gedhe rembulane
Ora jembar kalangane
Yagene

Tandure ora sumilir
Tandure ora ngalilir
Jalaran katrajang banjir

Kuning pucet kablebeg bledug polusi
Wong mbangun kreteg nyemprot ama ngrabuk pari

Bocah angon buyar bubar
Nglumpuk ing bale desa nyekel buku kanggo ulangan

Blimbinge digendhong menyang kutha
Diijolake lenga

Dodode bedhah dipotongi
Digawe klambi
Turahe dadi rok mini

Rapate mulur wektune
Rapate akeh usule
Surake digawe gawe
Hora hore hora hore
Hora

Bareng tekan kala mangsane
Jebul
Ora gedhe satekade
Ora jembar wawasane
Yagene
                       
Dening Sudi Yatmana
 
Anak Wedok Anak Lanang
 
Anak wedok
Apa kowe bisa nglangi
Inggih bapak kula cobi
Nglangi ana ngendi
Ing bebrayan ing sesami
 
Anak lanang
Apa kowe wani perang
Inggih ibu kula rancang
Perang ana ngendi
Ing nepsu dhiri pribadi
 
Anak wedok anak lanang
Lelorone dakgegadhang
Bisa lan wani ngupadi
Mrih ungguling jati dhiri
 
Anakanakku
Apa kowe nedya maju
Bapak ibu kula tuhu
Maju ing bab apa
Ajining gesang punika
 
                                   
Oleh Sudi Yatmana
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar