Geguritan


WOLAK WALIKING JAMAN

Bareng tekan kala mangsane
Jebul
Ora gedhe rembulane
Ora jembar kalangane
Yagene

Tandure ora sumilir
Tandure ora ngalilir
Jalaran katrajang banjir

Kuning pucet kablebeg bledug polusi
Wong mbangun kreteg nyemprot ama ngrabuk pari

Bocah angon buyar bubar
Nglumpuk ing bale desa nyekel buku kanggo ulangan

Blimbinge digendhong menyang kutha
Diijolake lenga

Dodode bedhah dipotongi
Digawe klambi
Turahe dadi rok mini

Rapate mulur wektune
Rapate akeh usule
Surake digawe gawe
Hora hore hora hore
Hora

Bareng tekan kala mangsane
Jebul
Ora gedhe satekade
Ora jembar wawasane
Yagene
                       
Dening Sudi Yatmana
 
Anak Wedok Anak Lanang
 
Anak wedok
Apa kowe bisa nglangi
Inggih bapak kula cobi
Nglangi ana ngendi
Ing bebrayan ing sesami
 
Anak lanang
Apa kowe wani perang
Inggih ibu kula rancang
Perang ana ngendi
Ing nepsu dhiri pribadi
 
Anak wedok anak lanang
Lelorone dakgegadhang
Bisa lan wani ngupadi
Mrih ungguling jati dhiri
 
Anakanakku
Apa kowe nedya maju
Bapak ibu kula tuhu
Maju ing bab apa
Ajining gesang punika
 
                                   
Oleh Sudi Yatmana
 

contoh naskah wayang padat 'Kresna Boyong'

Adegan 1

Begawan Durna rumaos dipunremehaken amargi kalah kawibawan kaliyan Semar.
Ø  Dhalang nyamaptakaken wayang: Semar, Durna, Duryudana, Sengkuni. Semar ngarani negara Ngamarta sampun kelangan tata krama, kawibawan lan budaya adi luhung, para Pandawa sampun kecalan adil sarta sampun menceng saking garising bener. Nanging Begawan Durna boten trima.

Rem-rem sorote kang hyang arka kaeksi O...
Pucaking aldaka murub O...
Yen janmaha kadi sung sasmita dasih ing saliring laku O...
Lampahing dumadi O..., hilir gumanti O...
Dhuka sukaning driya,
Yekti gegadhangan O...
Panegsahing dhiri titah ing Gusti O...
Kang sarwa dumadi O...

Sengkuni                  : Kawulanuwun sinuwun. Mawantu antuku maha patih nyuwun agunging samodra pangaksami. Dene kula wani matur ing ngarsa paduka boten kanthi tinimbalan. Amargi menapa? Sampun dangu anggen kula sowan ing ngarsa Prabu, hananging dereng wonten dhawuh saking paduka ingkang dereng mentas. Mugi paduka Indra emut dhumateng sabdaning para winasis ingkang suraos narendra siniwaka punika mugi saged damel tentrem, sampun ngantos adamel tintrim. Dhuh sinuwun, menawi paduka boten enggal paring dhawuh , tertamtu sami goreh para nayaka ingkang sami sowan punika Prabu.
Duryudana               : Paman Sengkuni
Sengkuni                  : Nuwun, wonten timbalan ingkang dhawuh sinuwun.
Duryudana               : Bener  apa kang dadi ature paman Harya. Yen ta dina iki ana ingkang ingsun penggaih, inggih punika kahanan praja Ngastina wektu iki Paman.
Sengkuni                  : Negari Ngastina wonten menapa ta ngger?
Duryudana               : Ngastina sing jarene negara kang panjang punjung pasir wukir panguripan gemah ripah loh jinawi. Kawulane sing padha murah esem, sugih marang tata krama jebul saiki mung kari pocapan. Buktine, unggah-ungguh, tata krama, tindak tanduk, muna muni wis akeh kang ninggal marang kasusilan. Rasa welas asih, rasa tulung tinulung, lan tanduk kang grapyak semanak saiki wis mujudake barang langka. Wektu iki seben dina sing diweruhi mung pentelangening mripat, keroting untu lan kepelan tangan. Jelas-jelas Ngastina wis ketaman pageblug mayangkara, larang sandhang, larang pangan. Paman Sengkuni, jroning praja ketaman lelakon kaya mangkene iki apa Paman Patih ora mbudidaya murih sireping dahuru mau Paman?
Sengkuni                  : Kaluhuran dhawuh paduka, bilih wekdal menika Ngastina nembe ketaman pageblug. Estunipun sampun boten kirang-kirang anggen kula mbudidaya murih sirnaning kaneng dahuru. Kula sampun ngempalaken para nayaka praja, kula minta sraya sageda nentremaken negari Ngastina.
Duryudana               : Paman Harya... kula wonten dhawuh. Yen nganti para nayaka ora bisa mbudidaya nyirnakake pageblug iki, aja padha lara atimu. Yen para kawula padha alok pating brengok jebul ratu saknayakane ora pecus mertata negara, lan maneh mung kari ngenteni jeneng ingsun lan kabeh para nayaka di udhunake saka pemerentahan denig para kawula Ngastina Paman.
Begawan Durna       : Nuwunsewu, kepareng kula matur anak Prabu.
Duryudana               : Inggih kadospundi Bapa Durna?
Begawan Durna       : Sekedhik utawi kathahipun Bapa sokalima wastanipun ugi ngraosaken panandanging lan sinandanging para sinandang wekdal menika ngger. Sanget prihatos kula ngawuningani lelampahan menika, mila kula ngajak gegancangan minggah ing sanggar pamuja sokalima, patrap semedi nyuwun wonten ngarsaning Hyang anom. Ngastina boten badhe tentrem menawi boten tinengganing king raka sinuwun Prabu Kresna. Menapa sebabipun icaling, kok ndadak mawi nanti marang Prabu Kresna. Karana Kresna menika titisaning bathara Wisnu, dewaning toya. Mak toya menika panggesangan. Menawi panggesanganipun lelampahan piyajeng ing mriku bade manggih katentreman. Dados sampun cetha bilih Sang Hyang sampun mujudake ketentreman tuwin kebahagiayaan. Gandheng sampun wonten dhawuh mekaten, pun Bapa mebeng dhawuh dhumateng kepareng paduka, dhumateng anak prabu kadospundi?
Duryudana               : Kepriye Paman Sengkuni? Bisane Ngastina manggih raharja, syarate kudu tinunggon dening kakang Kresna. Mangga Paman Sengkuni pirsa dhewe sapa kadang Kresna kuwi. Kakang Kresna kuwi wis genah yen kusiring Pandhawa. Apa ora mbebayani yen nganti lenggah ing praja Ngastina kene Paman?
Sengkuni                  : Nun inggih kaluhuran dhawuh paduka ingkang sinuwun. Mila kula suwun dipunpenggalih kanthi wening langkung. Rumiyin anggen paduka nanggepi ature kakang Durna kalawau anak Prabu. Awit kula kuwatos, mangke wangsit kalawau badhe mblasukake lampah paduka ingkang nembe ngudi dhateng tentreming negari ngger.
Begawan Durna       : Apa ya ana ta wangsit kok ngapusi?
Sengkuni                  : Jaman saiki barang sing maune dianggep aneh trus dadi ora aneh kuwi wis akeh kok kakang. Apa maneh Dewa saiki akeh sing ora beres. Dewa saiki sok nggugu karepe dhewe kuwi saiki akeh. Mula yen oleh nampa wangsit ora dilambari nalar yo mesthine kapusan tenan ta Kakang.
Semar                       : Sesembahan kula siniun Prabu Duryudana. Sampun kaget kula ingkang sowan sinuwun.
Duryudana               : Ya jagad Dewa Bathara. Iki dak waspadhakake kakang Semar ingkang sowan marang pendhapa Ngastina. Kakang Nayantaka paran padha raharja sowan ing ngarsanipun kakang Semar Badranaya.
Sengkuni                  : Ingsun tampa tiba sepadhadha padha kakang Semar.
Begawan Durna       : Kakang Semar padha raharja sakso wanmu kakang.
Semar                       : E... panemban Begawan Durna. He... kula tampi perbaginipun panemban Begawan Durna taklim kula mugi katur panemban.
Begawan Durna       : O... ya tak tampa kakang Semar  wis tak tampa.
Semar                       : Inggih sinuwun, waleh-waleh menapa, sowan kula punika menawi kenging kula pirang-pirang perkawis sinuwun. Ingkang sepisan njampengi kangene manah kula dhateng  nagari Ngastina mriki. He... awit sak sedanipun sinuwun Prabu Pandu.
Duryudana               : Sokur bagesewu dening kakang Semar tasih darbei rasa kapang marang praja Ngastina.
Semar                       : Inggih nuwun inggih. Ingkang angka kalih, kula ugi njampengi kangen ing manah kula dhateng paduka ingkang suwun sinuwun sak kulawarga sebab manapa, hawit sak dangunipun kula momong para Pandawa lajeng boten saged sabed jagong kaliyan paduka sinuwun prabu Duryudana.
Duryudana               : Ya, ya... kakang Semar. Ingsun tampa kapangmu marang jeneng ingsun kakang Semar.
Semar                       : Dene jangkep tri wigatos sing perlu kaparenga kula badhe matur ing ngarsa paduka sinuwun prabu Duryudana. Namung nyuwun pangapunten saderengipun atur kula punika mangke mesti boten mranani ing penggalih paduka ageng sinuwun.
Duryudana               : Ana luputmu esih gedhe pangapuraku kakang Badranaya.
Semar                       : Inggih maturnuwun, ngaten sinuwun. Sowan kula punika namung dhapur badhe nyuwun pangayoman dhateng paduka ingkang sinuwun. Sebab menapa kula nyuwun pangayoman, kula matur bares kures, blaka suta, terus terang. Sapunika kula sampun boten kerasan tumut Pandawa malih sinuwun, jalaran Pandawa sampun menceng sakung garising kautaman. Pandawa sampun tilar kasusilan, Pandawa sampun ninggal lan boten mbelani wong cilik, saha Pandawa sampun boten mirengaken sambating para kawula alit. Wekdal punika Pandawa sampun kecalan kawibawan. Negari Ngamarta sampun tebih saking swasana tentrem ugi tebih saking gotong royong lan Ngamarta sampun kecalan budaya adi luhung. Tembung sabda pandhita ratu ngamarta sampun boten wonten. Tumindaking para Pandawa saha para kanayakanipun sampun cengkeh kaliyan batos kula. Tinimbang getih kula minggah ngemplak wonten sirah, ngantos benjang dumugining Bratayudha jaya binangun, kula badhe mbotohi kurawa. Sinuwun.

Begawan Durna       : Kok kowe bisa matur mangkono kuwi apa wis ana buktine?
Semar                       : Yen sampeyan pengin weruh buktine, sampeyan tindak dhateng Ngamarta. Omongan kula niki sampeyan cocogna kalih tiyang Ngamarta yen nganti boten cocog totoane gulu kula sampeyan tugel Panemban.
Begawan Durna       : Aku pancen ngakoni yen selawasmu urip ora tau goroh. Nanging, yen nitik sragammu kuwi aku ngarani kowe ora duwe tata krama. Aja-aja kuwi mau kandhane wong sing ora keturutan karepe.
Semar                       : Begawan Durna, kowe kok ngarani aku ora duwe tata krama. yen ngono ala sira maido marang kandhaku iki iya?
Sengkuni                  : uwis-uwis  kakang Semar. Moro gege terusna aturmu. Kowe aja nyambung rembuge pandhita sing lagi minger pikirane kuwi kakang Semar. Wiwit dina iki kowe wis dadi kulawarga agung kurawa, lan ora suwe kowe tak gawekne kartu tanda yen wis dadi kulawarga agung kurawa kakang.
Semar                       : Inggih. He... maturnuwun dene sampun tinampi pasuwitan kula raden Patih.

Adegan 2

Begawan Durna lan putrane lunga tampa pamit.
Ø  Dhalang Nyamaptakaken wayang: Begawan Durna, Sengkuni, Duryudana. Begawan Durna nyuwun supaya Sengkuni lan Duryudana ora langsung percaya dening omongane Semar. Nanging Sengkuni tetep kukuh mbelani Semar kang melu Kurawa.

Umyung ramya swaraning kang samya kumpul,
Sajuru-juru atata tan carub
Denira maprenah O...
Sanggyane pra wadya bala,
Sawega gegamaning laga
Jaja muntab lir kunetap duka yayah sinipi jaja bang mawinga winga wengis O... 


Begawan Durna       : O... Lole-lole. Walah pentlos kembang monyor-monyor emprit gathil buntute umah joglo. E dhi...
Sengkuni                  : Ana apa Maknegundel?
Begawan Durna       : Tak jaluk kowe aja daya-daya nampa switane Semar dhisek. Kowe kudu eling kaya apa Semar kuwi. Meh wis puluhan taun olehe Semar ngawula marang Janaka. Miturut rasaku, yen ora ana apa-apa kok muka dheweke. Banjur malik grempyang ninggal Pandawa melu Kurawa. Aku kuwatir gek aja-aja Semar iki dadi thelik sandine Pandawa di kongkon dening Pandawa kon mbosoke kekuwatan Kurawa saka jero dhi.
Sengkuni                  : Maknegundel, keblabasen olehmu ndakwa marang Semar. Ature Semar mau tulus sing dikandhakake mau bukti kabeh. Kowe aja ndakwa sing neka-neka. Prasaja wae, kowe kalah wibawa karo kakang Semar merga kowe kalah pinter. Upama sinuwun mundhut tinimbngku pilih Semar apa kakang Durna, yen aku ya jelas pilih Semarre no. Wong kowe iki ketoke suwitane Ngastina ning jebul rasamu iki ngaboti Pandawa.
Begawan Durna       : Who... patih majenun kowe kuwi.
Sengkuni                  : Ya kowe kuwi sing majenun.
Begawan Durna       : Yen bener ngono, besuke bakal ketara sapa sing bener lan sapa sing luput.

Kagyat risang kapirangu rinangkul kinempit empit,
Dhuh sang retnaning bawana O...
Ya si tukang walang ati,
Ya si tukang ngenesing tyas,
Ya si tukang kudhu gering,

Duryudana               : Piye paman, Bapa Durna lunga tampa pamit?
Sengkuni                  :Alah sampun kersanipun. Piyambakipun rumaos kewiyak wadosipun mila lajeng kesah tanpa pamit. Ning kene ya ora nambahi biji apa-apa.
Duryudana               : Sampun mekaten Paman. Bapa Durna punika anggadhahi tujuan badhe ngemutaken lan maringi solusi murih tentreming negara Ngastina.
Sengkuni                  : Kersane. Begawan Durna kuwi pingin golek bener awake dhewe.

Ridhu mawur mangawur awur wurahan,
Tengaraning ajurit gong aguru gangsa,
Teteg kaya butula,
Woh pajriting turangga esti rekatak ingkang dwaja lelabuh sebit O...

Adegan 3

Begawan Durna ditututi dening wadyabala Ngastina, Semar bakal ngudi patine prabu Kresna.
Ø  Dhalang nyamaptakaken wayang: Sengkuni, Dursasana, Durmagati, Kartamarma, Jayadatra, lan Sortayu. Prabu Duryudana ngutus marang Sengkuni Supaya wadyabala Ngmarta nututi lungane Begawan Durna, lan Kurawa kadhawuhan mbiyantu Semar ngudi patine prabu Kresna, nanging Durmagati ora sarujuk.

Dhasare mangsa katiga ornameng gegana riris harda salah mangsa
Adat sagung among tani, 
Jumangkah samya ngayati O...
Yasa bebedhengan ki narya ndeder wiji minangka,
Tumibane mangsa kasanga,

Sengkuni                  : Dursasana
Dursasana                 : Kula wonten dhawuh Paman, animbali king putra ing banjar junut. Kula pun Dursasana Man.
Sengkuni                  : Ngger anak-anakku Kurawa kabeh, kowe padha tak elingke sira iku sipating prajurit kuwi siji ngayomi kawula negara, loro jaga katentremaning negara, kaping telune ngayahi perang lamun ketekan mungsuh. Dina iki sinuwun Duryudana wis paring dhawuh marang aku supaya sira kabeh nututi lungane kakang Durna. Kejaba saka kuwi, karo babar pisan sabiyantu kakang Semar anggone bakal ngudi patine prabu Kresna. Wis saiki dha pikiren dhewe yen ratu wis paring dhawuh kaya ngono kuwi ibarate kaya mangsi tumetes ing dluwang putih. Dursasana arep usul apa?
Dursasana                 : Niku wau lho Man, bapa Durna kok ngantos kesah niku perkarane napa? Lajeng malih kakang Semar kok badeh mejahi kakang Kresna niku njur lupute kakang Kresna niku napa? Tuwin wonten sambung rapete napa kok kurawa kadhawuhan bantu kakang Semar Man?
Sengkuni                  : tak kandhani ya Dur, wektu iki kakang Semar wis balik melu Kurawa Suwita anak prabu Duryudana. Anane kakang Durna lunga awit dheweke rumangsa kalah wibawa karo kakang Semar. Dena bab kakang Semar arep  mateni Kresna, jalaran Kresna mono mujudake kunci kekuwatane Pandawa. Kanthi Kresna dipateni dhisik, mbesuk bratayudha Kurawa bakal unggul jurite mungsung Pandhawa.kuwi Dur mungguh alesane simg genah.
Dursasana                 : Wo... jebul ngaten ta alesane.
Durmagati                : kakang mas dursasana, boten perlu kaget. Inggih ngateniku Ngastina, nek boten morak marik niku jenenge sanes Ngastina. Sebabe napa  jalaran sing nyekel pengemudi kakang Kurupati niku  tiyang sing gampang miyur pikire, mula nggih  gampang dipengaruhi, gampang dienggokake tanpa mikir mangkeh pripun akibate, ngateniku nggih merga usule pak cilik kula niki. Lha yen pancen Semar ajeng mejahi Kresna eneng ap kok ndadak tumut Kurawa riyin? Padune Semar iku ajeng gawe wirange kurawa mawon ta mas? Cobi ta, mbah Durna iku sampun suwe tumut Kurawa lha kok dikalahake kalih Semar sing lagi teka.
Dursasana                 : Lha iya ta le, karo maneh apa ya arep kelakon nggone mateni kakang Kresna kuwi he?
Durmagati                : Kula boten mung yakin kepara haqul yakin Kresna tidak akan mati.
Sengkuni                  : Lha wong loro iki wong pekok kabeh, ora weruh sapa Semar. Lha wong kuwi Sang Hyang Ismaya kok diremehke ki piye to cah pekok cah pekok. Lh anak mung sak Kresna kuwi sepira kekuwatane le?
Durmagati                : Mangkih riyin, yen pancen Semar niku wong sekti, kenging menapa kok purun dibantu Kurawa? Kamangka Kurawa niku yen perang ora tau menang cobi?
Sengkuni                  : iki dudu wancine wong adu panemu. Kene iki papane patih prentah nyang para prajurit mung kari dha gelem nindakake pa ora. Kartamarma piye?
Kartamarma              : Kula sagah Paman.
Sengkuni                  : Sokur, Jayadrata?
Jayadrata                  : Inggih kula sagah.
Sengkuni                  : Sortayu?
Sortayu                     : kula inggih sagah.
Sengkuni                  : cara tak voting kowe wis kalah marga kabeh sarujuk sing ora mung dhapurmu dhewe Durmagati.
Durmagati                : O... inggih mpun yen karepe panjenengan ora kena diindahke nggih mangga  wong kabeh niku bakal ngundhuh tandure dhewe. Wis kana dha mangkata malah tak sangoni tembang pocung iki!

Kurawaku tutugna dadi wong pengung
Ngumbar watak nasar
Contone patih sengkuni
Srei drengki angkara datan ditinggal

Sengkuni                  : Aja padha ngrungokake tembunge wong koclog, bayi tek nuturi wong gerang.
Durmagati                : Boten napa-napa. Dene anak kula niku gawene nuturi kula. Pak nek kowe pengin dadi prajurit sakti mang maguru mbah buyut Bisma, yen pengin sabar mang maguru Paman Puntadewa ning ya kuwi, nek bapak kapengin awet dadi maling ya tutugna kumpul Sengkuni ngaten niku.
Sengkuni                  : Anakmu kon melu aku delok wae tak pacul lambene, bayi o  garap wong gerang. Sortayu!
Sortayu                     : Kula wonten dhawuh Paman
Sengkuni                  : metua jaba undang wadya kaya kaya padatan!
Sortayu                     : Kula ngertokaken dhawuh Paman

Tandya bala byuk gumulung mangusir,
Ring sata satus kurawa kambah kongkih
Sru katitih larut katut praratu, O...

Sortayu                     : kepareng matur Paman, para wadya sampun siaga ing dhiri sawega ing gati. Dene kabidhalaken sawanci-wanci boten badhe nguciwani.
Sengkuni                  : Sokur bagi sakethi jumurug malah sira dadi cucuking laku!
Sortayu                     : Keparenga medal pasilan Paman.

Umyung ramya swaraning kang samya kumpul,
Sajuru-juru atata tan carub,
Denira maprenah O...
Sanggyane pra wadya bala,
Sawega gegamaning laga,
Jaja muntab lir kunetap duka yayah sinipi jaja bang mawinga winga wengis O... 


Adegan 4

Begawan Durna lan Aswatama ketemu anoman lan Setyaki nalikane ing Mandura arep ketemu Prabu Baladewa.
Ø  Dhalang nyamaptakaken wayang: Begawan Durna, Aswatama, Anoman, lan Setyaki. Nalikane begawan Durna kaliyan aswatama arep ketemu Prabu Baladewa ana Mandura ketemu karo Anoman lan Setyaki. Nanging Prabu Baladewa lag tindak ing nagari Ngamarta sarimbit panjenengane sinuwun Dwarawati.

Leng-leng driya mangu mangungkung,
Mangungkung kandruhan rimang,
Lelena tanpa kanin O...

Aswatama                : Kawulanuwun Bapa, keparenga kula nyuwun wuninga..
Begawan Durna       : Anakku Aswatama, kowe arep katon apa ngger?
Aswatama                : Nuwunsewu, punapa ta sebabipun pun paduka Bapa nganti pun pun putra kula supados medal saking golonganing Kurawa sinuwun?
Begawan Durna       : Aswatama
Aswatama                : Wonten dhawuh?
Begawan Durna       : mula kowe tak kanthi saka Kurawa merga saiki dha lamur pandulune Prabu Duryudanalan Patih Sengkkuni. Buktine bapakmu diremehke dening Sengkuni amarga ana Semar ing kana. Wias babar pisan ora ana gunane anggonku labuh. Mula timbang lara atiku luwih becik golek nggon sing cocog karo rasaku.
Aswatama                : Ya jagad dewa bathara. Punapa patih Sengkuni kedah kula emutaken kanthi kakiyatan rama?
Begawan Durna       : Wia aja mbok ladeni Swatama. Malah kapara ayo nuyugne laku golek sing cocog karo rasaku.
Aswatama                : Mangga kula dherekaken penemban.
Anoman                    : iki dak waspadakake Begawan Durna ingkang prapteng aneng laladan Mandura. Nuwunsewu panemban niki wonten gawe punapa dene panemban karaya Aswatama aneng tlatah Mandura kene?
Begawan Durna       : Ya iya Begawan Anoman, mulane aku teka ana mandura kene banget kepingin ketemu karo Prabu Baladewa.
Setyaki                     : Mengko dhisik Begawan Durna, sira darbe perlu apa kok kepingin ketemu Prabu Baladewa?
Begawan Durna       : Ngene ya Raden Setyaki, aku tak crita sedhela wae dirungakake ya?
Setyaki                     : Iya age critaha?
Begawan Durna       : aku mentas saka praja Nganstina nalika semana Ngastina katekan Semar Badranaya, nalika semana dheweke muni yen wis ora krasan melu Pandhawa sing menceng saka garising kautaman ora mikir kari wing cilik lan sapiturute. Mula ora mokal yen dheweke saiki nglangkah pager melu Kurawa. Mangka aku wis ngekikake Sengkuni yen Semar kuwi wis puluhan taun melu pandhawa, aja gampang percaya. Aku muni ngono malah diarani Sengkuni aku kalah wibawa kalah pinter karo Semar lan wangune Prabu Duryudana melu ngenthengi aku lan ngeboti rembuge Sengkuni. Mula begawan Anoman, aku arep metu saka golonganing Kurawa wae, lan Begawan Anoman aku arep matur karo Prabu Baladewa yen wektu dina iki sinuwun Dwarawati arep dipateni dening kakang Semar.
Anoman                    : Banget pnariku dene Begawan Durna kersa paring pitedah. Nyatane Semar sing diunggulake mung semono pikirane, ning rembugmu rak oragoroh ta panemban?
Begawan Durna       : Ngendi ana Pendita kok goroh Anoman.
Anoman                    : Lan Wruhana panemban wektu iki Prabu Baladewa lagi tindak ing nagari Ngamarta sarimbit panjenengane sinuwun Dwarawati. Mula prayogane Begawan Durna nututi aneng negara Ngamarta.

Adegan 5

Begawan Durna lan Aswatama nututi Prabu Baladewa sarimbit panjenengane sinuwun Dwarawati aneng negara Ngamarta.
Ø  Dhalang nyamaptakake wayang: Anoman, Sortayu, Setyaki, Begawan durna, Aswatama lan bala Ngastina. Nalikane Begawan Durna lan Aswatama ketemu Anoman lan Setyaki, dene Prabu Baladewa lai tidak ing nagari Ngamarta sarimbit panjenengane sinuwun Dwarawati mula Begawan Durna lan Aswatama nututi ing negara Ngamarta arep ngabarake yen Semar ngudi patine sinuwun Dwarawati. Dene Anoman lan Setyaki perang nglang-ngalangi bala Ngastina kang arep boyong Begawan Durna menyang Ngastina.

Klingsir ratri tumapak ing wanci,
Bang-bang wetan sumaput ngakasa,
Lintang rina wus kawuryan,
Humiring sang sasadara O...

Begawan Durna       : Luwih prayoga penemban, ya mung aku titip ragaku iki ayomana ya Anoman.
Anoman                    : Aja kuwatir penemban, mengko yen ana sinng arep ngendhak singkara karo begawan, sing  ngadhepi Anoman karo Setyaki.
Begawan Durna       : Maturnwun panemban, aku njaluk pamit ya Anoman? Ayo ngger        Aswatama nerusake laku.
Anoman                    : ati-ati Begawa Durna.
Aswatama                : Mangga kula dherekake Bapa Panemban.
Anoman                    : Raden Setyaki
Setyaki                     : Apa Begawan Anoman?
Anoman                    : Sabidhale Begawan Durna kaliyan Aswatama ana barisan segelar sepapan nitik saka umbul-umbul kae barisane Kurawa.
Setyaki                     : Wangune para Kurawa bakal goleki Begawan Durna, ayo  ditemoni sapa sing dadi cucuking laku.
Anoman                    : Mangga kula dherekake Raden.

Babo-babo mara age tandhingana,
Sun prajurit linuwih,
Sekti mandraguna prawira ing ngayudha,
Prang tandhing haiwa lumaris,
Tan wurung sira,
Sirna ndepani bumi,

Sortayu                     : Wadhuh-wadhuh during adoh angonku pacak paris pethuk wong cendhek brengose sakepel ora pangling setyaki.
Setyaki                     : Sortayu, ya
Sortayu                     : Ora ana bangsane kewan lewat ana kene.
Sortayu                     : Buronku dudu kewan, Begawan Durna buronku.
Setyaki                     : Orasah golek sing ora ana. Aneng kene anane Setyaki.
Sortayu                     : Lakune Begawan Durna tak odhol seka buri mlebu tlatah Mandura. Mokal yen kowe ora ngerti.
Setyaki                       Yen ketemu Begawan Durna arep apa?
Sortayu                     : Arep tak gawa bali menyang Ngastina.
Setyaki                     : Ora usah goleki sing ora ana. Klakon boyong Begawan Durna yan bisa nglangkahi bangkene Setyaki.
Sortayu                     : Wah sugih kendel bandha wani, kowe sing dadi pepalangk nganti ora gelem minggat lena pangendhamu tebah dhadhamu mleset, aja takon dosa keparat.